Breaking News
SELAMAT DATANG DI BLOG KAMI
ASSALAMU'ALAIKUM Wr.Wb

my blog

enamberita.blogspot.com

Wednesday 11 November 2015

PIDATO BAHASA JAWA






Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pentingnya Ilmu

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد


Dumateng Poro Bapak, poro Ibu dewan juri, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.


Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :


طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)


Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.


Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.


وُ كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ


Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11


يَرْفَعِ الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ


Artosipun :
“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“

Kejawi saking meniko, kepentingan ilmu meniko diatas segala-galanya. Tegesipun tiyang puniko bade ngayuh nopo kemawon kedah mawi ilmu. Contonipun menawi tiyang puniko kepengen dados dokter kedah gadah ilmune dokter, menawi tiyang puniko kepengen dados pedagang kedah gadah ilmune dagang, menawi tiyang puniko kepengen dados pegawai kedah gadah ilmune, meniko ngantos sa’ terusipun. Bahkan keranten sanget pentingipun ilmu, tiyang ingkang bade ngambah dalanipun ilmu puniko dipun jamin kaliyan Allah, bade dipun gampangaken dalanipun dating swargo. Dawuhipun Kanjeng nabi:
    
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَطْلُبُ فِيْهِ عِلْمًا سَلَكَ اللهُ بِهٖ طَرِيْقً إِلَى الْجَنَّةِ . (رواه مسلم

Ingkang artosipun,
Sing sapa wonge ngambah dalan tumuju marang golek ilmu, mongko Alloh nggampangangaken dalan marang wong iku nuju marang swargo.

    
Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek , Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi


خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ


Artosipun :
“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“
Poro rawo ingkang kulo hormati !

        Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Alloh paring jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo mali
h menawi ingkang gadah ilmu meniko lare joko-joko lan prawan-prawan, ngantos dipun tembungaken:

Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Dasar joko kok pinter ngaji
Akeh prawan sing podho antri
   
 Kayu waru digraji-graji
  Kayu nongo dienggo lemari
 Dasar Ayu kok pinter ngaji
  Akeh joko sing arep ngrabi
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.


و بالله التو فيق و الهداية

والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته


oleh SELVIE SMP ISLAM AR-RA'IS KECAPI JEPARA

No comments:

Post a Comment

Designed By